KUPU BIRU LAN
TAWON MADU
Hawa kang asrep ana kebon sing akeh
wit-witan gedhe, njalari kewan-kewan kebon betah urip ana kana. Akeh tanduran
maneka warna kembang sing apik wujude. Ora namung iku, wit-witan gedhe ya
njalari kewan-kewan sing mabur betah urip nang kebon. Kupu Biru, kewan sing
awujud isa mabur, betah urip jalaran akeh kembang sing isa dijupuk sari-sarine.
Saking wis
kulina manggon nang kebon, tanggane Kupu Biru ya padha betah urip nang kebon.
Apa maneh, Si Tawon Madu, sing tangga cedhak karo Kupu Biru , wis
dadi kanca kenthele.
Salah sawijining dina pas Kupu Biru
arep dolan nggolek pangan nang kebon sing amba iku mau, kepethuk karo Tawon
Madu. Tawon Madu ngluruhi Kupu Biru, “Pu, arep menyang ngendi, kok esuk-esuk wis budhal saka
panggonan?”. “Hiya, aku arep golek
pangan ta ya, lha kowe arep menyang ngendi, Won?”, takone Kupu Biru”. “Aku ya
arep golek pangan kok, he..he..”, Tawon mangsuli karo mesam-mesem wae. “Aku
sakjana arep golek pangan nang ngarep omahe manungsa, Won.”, Kupu Biru kandha.
Tawon sing nyauri semu kaget lan ngandhani, “Wis ora usah neka-neka ta, Pu.
Cilakane nek kowe terus dicekel manungsa, malah bingung mengko. Wis ndang mangkat kana
ya, ngati-ati”. Kupu Biru ngguyu ngakak ora mangsuli omongane Tawon Madu. Tawon
Madu budhal kaya kethok grusa-grusu. Sawise Tawon Madu lunga, Kupu Biru
nglanjutake anane sing golek pangan, saka panggonan kene menyang panggonan
sijine. Gandheng uwis mubeng-mubeng kesel lan wareg, dheweke mulih. Lumaku
mulih ngliwati omahe tangga-tanggane, ndilalah kepethuk Bu Manuk Emprit sing
ngluruhi Kupu Biru, “Wah..wah saka ngendi, Pu, kok sajake lagi nandhang
bungah?”. “Hiya, Bu, lha uwis wareg kok, mangga, Bu”, wangsulane Kupu Biru
terus lunga pamit. Bu Manuk Emprit ya amung meneng wae, ora mangsuli Kupu Biru.
Sawise tekan ngomah, Kupu Biru
sambat ngantuk. Banjur mapan turu nganti wengi lagi tangi. Wengi iki padhang
mbulan, nanging Kupu Biru mung dhewekan. Males arep nangga, Kupu Biru nglaras
karo nyanyi-nyanyi dhewe. “Hmm..nek dak sawang-sawang, kewan sing paling endah
nang kebon kene ki ya mung aku ya, ha..ha.. Katimbang Si Tawon kae wujude ora
genah, terus Manuk Emprit kae wagu, Laler wujede elek, apa maneh Jingklong,
wagu tenan kae, ha..ha..", Kupu Biru ngelek-elek kancane karo ngelem awake
dhewe rumangsa seneng apike awake. Sanajan urip dhewe, nanging dheweke
tenang-tenang wae. Malah rumangsa ndonya duweke dhewe. Wira-wiri mrana-mrene,
tura-turu wae, lan sakarepe dhewe. Saya suwe Kupu Biru seneng ngelem awake
dhewe, tambah dumeh, senenge pamer, mbeda-mbedake kanca, lan ngelek-elek kancane.
Srengenge wis
ngindhik, manuk emprit wis
nyanyi saut-sautan mrana-mrene. Tawon mara nang omahe Kupu Biru, nanging Kupu
Biru isih mapan turu. "Pu, ayo tangi, golek pangan ora kowe?",
bengoke Tawon. Nanging Kupu Biru mangsuli atos, "Ora. Aku lagi males. Kowe
lungawa dhewe!". "Lha apa kowe ora golek pangan?", diwangsuli Tawon
maneh. "Ora ya ora. Wis
kana lunga!", getake Kupu Biru marang Tawon. Tawon banjur lunga dhewe,
batin atine ya susah. Kanca sing wis
dianggep sedulur dhewe malah kasar kaya mengkono.
Bareng dina wis rada awan, Kupu Biru krasa luwe. Dheweke
banjur lunga arep golek pangan. Tekan setengahe lumaku, Kupu Biru kepethuk
Laler. "Ler, kowe yah mene lagi ngetok? Lagi tangi ta kowe? Ha..ha, kesed
ya kowe jebule", Kupu ngenyek Laler. Laler mangsuli sinis, "Apa ora
kowe sing kesed? Sing yah mene lagi tangi? Tawon wae lunga dhewe mau, hmm..gemblung!".
Laler banjur lunga ninggalake Kupu Biru sing lagi ngakak dhewe. Kupu Biru nerusake
perjalanan maneh, ndilalah kepethuk Jingklong. Nanging sing ngluruhi dudu Kupu
Biru. "Pu, bar saka ngendi?", takone Jingklong alus. "Saka
ngendi kan ya
urusanku, ngapa kowe ndadak takon-takon barang?", wangsule Kupu Biru rada pedes.
"Waduh galake cah.. Ya pengen weruh wae. Oiya Pu, Bu Manuk Emprit lagi
lara. Kanca-kanca mengko padha arep tilik, kowe melu ora?", takone
Jingklong. "Ora. Aku lagi males. Akeh urusan sing penting katimbang tilik
Bu Manuk Emprit. Yawislah aku arep lunga, minggir-minggir!", kandha Kupu
Biru ngusir banjur lunga. Jingklong mung gedhek-gedhek ora mangsuli apa-apa.
Sore iki Tawon, Jingklong, lan
Laler padha ngumpul arep tilik Bu Manuk Emprit sing lagi lara. Sadurunge
mangkat, tawon pengen ngejak Kupu Biru, nanging ora oleh marang Laler. Terus
padha mangkat tanpa Kupu Biru. Sawise tekan omahe Bu Manuk Emprit, tawon bengak-bengok,
"Kulanuwun, Bu.". Bu Manuk Eprit kaget, "Oalah, mangga mangga.
Padha ana prelu apa iki kok dha bareng-bareng?", takone Bu Manuk Emprit
basa-basi. Laler banjur nyaut, "Bu, sanjange njenengan gerah? Gerah napa,
Bu? Pun mantun?". "Aku uwis mari kok, wingi namung suwiwiku sing
lara. Tapi saiki uwis ora papa.", wangsulane Bu Manuk Emprit karo
mesam-mesem. "Oalah, nggih sampun menawi sampun mantun. Kula kaliyan
rencang-rencang nyuwun pamit rumiyin nggih, Bu.", pamite Tawon ndishiki.
"Lho kok cepet-cepet, lha si Kupu Biru ora melu ta?", selane Bu Manuk
Emprit. "Mboten, Bu. Kupu Biru nembe wonten urusan, dadosipun mboten saget
ndherek mriki.", wangsule Tawon karo nutupi alane Si Kupu Biru.
"Yawis ngati-ati ya.", Bu Manuk Emprit ngandhani. Banjur diwangsuli
bareng-bareng,"Nggih, Bu". Pas nang dalan arep muleh Tawon ditakoni
marang Laler, "Won, apa kowe ki betah ta, kekancan karo Kupu Biru. Dheweke
dumeh, seneng pamer, ngelek-elek kowe, sakarepe dhewe ngono kok".
"Hehe, betah ta ya, wong padha – padha kancane kok, mbesuk Kupu ya nyadar
dhewe", jawabe Tawon singkat. Bar pitakonan iku, terus do meneng-menengan
nganti tekan omahe dhewe-dhewe.
Sawise tekan omah, tawon banjur
mapan turu. Nadyan dina ya uwis wengi. Nanging ijik-ijik Kupu Biru
bengak-bengok mara nang omahe tawon. "Won, kowe ana apa ora?",
bengoke Kupu Biru. "iya, ana apa, Pu?", wangsule Tawon cepet.
"Aku arep njaluk madu mu ya, aku luwe.", sambate Kupu. "Iya,
njupuka, nanging aja mbog entekke ya,", pesene Tawon. Kupu Biru njupuk
dhewe nang wadhah, banjur lunga ngguya-ngguyu. Ora pamitan. Jatrahe Kupu iki
rada dumeh, ora ngerti tata krama, sapenake dhewe. Nanging Tawon ora ngomong
apa-apa, mung gedhak-gedhek nggumun.
Esuke, Kupu Biru ngajak Tawon golek
Pangan. Sakjane Tawon lagi wegah, nanging dipeksa marang Kupu Biru. Tawon mung
manut wae. Bebarengan dheweke mrana-mrene wong loro. Ndilalah kepethuk Laler
karo Jingklong. Tawon ngluruhi Laler lan Jingklong, "Arep menyang ngendhi
Ler, Klong?". Laler sing mangsuli, "Arep dolan mubeng-mubeng,
Won.", Jingklong mung mesam-mesem wae. Tawon, Laler, Jingklong lagi asyik
crita-crita, malah Kupu Biru nesu. "Wis-wis ayo ndang lunga saka kene,
Won. Aku males omongan karo dheweke.", jare Kupu Biru . "Kosek ta,
Pu.", sela Tawon alus. Malah Kupu Biru tambah mencak,"Yawis naknu
kowe milih aku apa Laler karo Jingklong?". "Ya, aja ngono ta, Pu.
Kabeh kan
kancaku.", Tawon mangsuli Kupu Biru. "Yawis nek kowe milih Laler karo
Jingklong. Padha-padha wagu wujude. Kowe iya, Won, elek rupamu. Kekancan karo
Laler sing wagu wujude, apa maneh Jingklong, ra genah wujude, dadi apa mehan?
Kowe kudune bersyukur nduwe kanca kaya aku. Wujude apik, lucu, endah wernaku,
kudune kowe bangga.", enyek Kupu marang kanca-kancane. Kupu Biru banjur
lunga ninggalake Tawon lan kancane. Tawon sedih, nanging dihibur marang Laler
lan Jingklong. "Uwis Won, Kowe iku ora apik kekancan marang dheweke. Wonge
ki urik, pengen menang dhewe. Wis
kowe ora usah susah ya,", Laler ngibur. Tawon ora mangsuli apa-apa mung
meneng wae. Sawise kui Tawon banjur pamit mulih. Ora nyangka nek Kupu Biru sing
kanca kenthele kok kaya mengkono.
Bar kedadean kui, Tawon wis ora amor karo Kupu Biru
maneh. Kupu Biru wis
ora dolan nang omahe Tawon maneh. Let seminggu luwih, Tawon krungu kabar nek
Kupu Biru lara. Kandhane, ora ana blas sing niliki, amarga Kupu Biru ya ora tau
niliki wong lara. Tawon ngiris atine krungu kabar kui. Tawon pengen niliki Kupu
Biru, nanging kanca-kancane padha ora ana sing gelem. Apa maneh Laler lan
Jingklong sing uwis digawe lara atine. Nanging Tawon nekat pengen weruh
kahanane Kupu Biru. Tawon nekat mara menyang omahe Kupu Biru. "Pu, Kupu,
iki aku Tawon, kandhane kowe lagi lara ta? Piye kahananmu, Pu?", tawon
nang ngarep omahe Kupu Biru. Kupu Biru nangis weruh Tawon mara. "Kowe ora
nesu marang aku? Aku wis
gawe lara atimu lan kanca-kanca, ngapurane ya Won".
"Iya, ora kok, aku ora nesu. Wis tak ngapurani awit
mbiyen, Pu. Kowe lara apa?, takone Tawon.
Kupu nangis, "Suwiwiku ceklek, Won, aku wis ora bisa mabur maneh.". "Sing
sabar ya Pu, tenang wae tak kancani", lereme Tawon. Kupu mung meneng wae
karo nangis lirih, rumangsa salah. "Won, nek kowe mulih, titipke ngapuraku
marang Laler lan Jingklong ya?, aku ngaku salah.", Kupu kandha marang
Tawon. Tawon mung mangsuli singkat, "Hiya".
Sawise mulih, Tawon kepethuk Laler
lan Jingklong. Apa sing dipesenke Kupu Biru marang Tawon ndang dikandhake nang
Laler lan Jingklong. Laler lan Jingklong ya wis ngapurani Kupu Biru. Banjur niat arep
tilik Kupu Biru. Nanging sawise bali menyang omahe Kupu Biru, Tawon lan
kanca-kanca kaget weruh Kupu Biru gemblethak. Jebul Kupu Biru wis bacut mati. Tawon lan kanca-kanca
nangis. Apa maneh Tawon, sing kanca kenthele. Dheweke rumangsa susah nelangsa
kelangan kanca cedhake. Nanging Laler lan Jingklong ya ngibur Tawon, saorane si
Kupu Biru wis
sadar menawa tindhak tandhuke mbiyen kliru. Tawon ya ngikhlasake Kupu Biru lan janji
marang awake dhewe ora bakal nglalekake Kupu Biru, kanca kenthele iku.
karya: Embun Tarniati
